Bahasa Jawa di Majalengka

Kota Majalengka. (Foto : http://isamas54.blogspot.co.id/)

Imad Analis. Indramayu yang sebagian berbahasa jawa khas Indramayu, atau dialek khas Indramayu berbeda dengan daerah Indramayu di sebelah barat yang berbatasan dengan Kabupaten Subang yang sebagian mempertahankan bahasa Sunda nya. 

Di Kabupaten Subang pun, yang mayoritas berbahasa Sunda ternyata di beberapa kecamatan seperti Pamanukan, ternyata memiliki populasi yang berbahasa Jawa. Tidak luput juga bahwa sebagian daerah yang mayoritas berbahasa jawa mempunyai populasi penduduk berbahasa Jawa dengan dialek khasnya. 



Populasi Masyarakat Majalengka yang Berbahasa Jawa

Data penyebaran masyarakat di Majalengka dituturkan oleh Bapak Supali Kasim, dinukil dari facebooknya demikian. 

 Sedulur-sedulur.

Rupané basa Jawa ning Provinsi Jawa Barat uga ana ning Kabupatén Majalengka. Mungkin ana sing nyebut basa Cerbon, basa Dermayu, utawa basa Jawa. Sing jelas, kayadéné sing ana ning pesisir lor iku kegolongé dialék.

Miturut Kang Ahmad Ripai, Dosen IAIN Syeh Nurjati, Cirebon, sing umahé ning Majalengka, ning kabupatén iku akéhé nganggo basa Sunda. Basa Jawa mung ana ning wilayah-wilayah sing duwé wates utawa kena pengaruh sing Kabupatén Cirebon lan Kabupatén Indramayu. Wilayah iku kayadéné Ligung, Jatitujuh, sebagian Sumberjaya, Dawuan, Kasokandel, Kertajati, Palasah, Jatiwangi, Sukahaji, Sindang, Leuwimunding lan Sindangwangi

Ana maning désa sing kerna pengaruh Kesultanan Mataram Sultan Agung waktu abad-17. Ning wilayah Leuwimunding, yaiku ning Desa Patuanan, masyarakaté ngaggo basa Jawa. Padahal, ning sekubengan desa-désa séjéné nganggo basa Sunda. Dugaané, Désa Patuanan iku waktu zaman bengen (Abad-17) dadi tempat nungsupé para laskar Mataram Sultan Agung, yaiku sewaktu nyerbu Batavia 1628-1629.

Ning wilayah lor semacem Ligung lan Jatitujuh, basa Sunda slawar-sliwer karo basa Jawa. Katon ruketé. Sampé-sampé ana warga sing tetep bisa nyambung obrolané, senajan béda basa. Sijiné ngango basa Sunda, sijiné maning nganggo basa Jawa. Tapi tetep pada ngertiné. Uga mengkonon ning wilayah Bongas, Banjaran, Gelok lan Panjalin Kidul lan sekubengané ning Kecamatan Sumberjaya.
Aja kagét, kesenian sing ana ning pesisir lor, uga ana ning kéné. Pesindén tarling utawa wayang kulit akéh sing wilayah iki. Contohe Hj. Uun Kurniasih, Hj Itih S., lan séjén-séjéné. Basané ya ngepas, suwarané ya énak. Dadi pesindén sing kegolong kawentar.

Ning Sumberjaya ana ning Désa Prapatan, Paningkiran, Gelok (pecahan desa Banjaran), sebagian wilayah Désa Panjalin Kidul, sebagian wilayah Désa Sepat, sebagian Désa Rancaputat, lan sebagian wilayah Désa Banjaran.



Ana maning sing unik, yaiku ning sebutan basa sing campuran (Jawaréh). Antara basa Sunda karo basa Jawa dadi nyampur. Contohé, wilangan 21 iku ning basa Sunda kasebut “dua puluh hiji”, tapi ning basa Jawa lan dialék-dialéké kasebut “selikur”. Tapi ning désa kuwen kasebuté “rong puluh siji”.

Iki unik, sebab ditilik secara tembung, nganggo basa Jawa (rong puluh siji), padahal ning basa Jawa sebutané selikur. Ditilik secara susunan basa, nganggo basa Sunda (terjemahan sing dua puluh hiji). Iku bener-bener basa Jawaréh.

Dadi, ning désa-désa kuwen iku nyebuté:

21 = rong puluh siji, dudu selikur
22 = rong puluh loro, dudu rolikur
23 = rong puluh telu, dudu telulikur
24 = rong puluh papat, dudu padlikur
25 = rong puluh lima, dudu selawé
26 = rong puluh enem, dudu nemlikur
27 = rong puluh pitu, dudu pitulikur
28 = rong puluh wolu, dudu wolulikur
29 = rong puluh sanga, dudu sangalikur

Basa pancén bisa nyampur-nyampur (akulturasi).

Mengkonon Lur, kabar sing Majalengka.
Yu, nyengir bareng-bareng!

Semoga wawasan kebudayaan kita untuk wilayah kita di Jawa Barat terus berkembang dengan banyaknya para budayawan ikut terus aktif dan terlibat mengenalkan budaya daerah di Jawa Barat.






Imaduddin Badrawi, S.Tr.AK
Imaduddin Badrawi, S.Tr.AK
Founder www.infolabmed.com, tim penulis buku "Pedoman Teknik Pemeriksaan Laboratorium Klinik Untuk Mahasiswa Teknologi Laboratorium Medik". Aktif menulis di https://www.atlm-edu.id/, https://www.indonewstoday.com/, dan https://kumparan.com/catatan-atlm. Untuk kerjasama bisa melalui e mail : imadanalis@gmail.com

Related Posts