Supali Kasim | Pengaruh basa Éndonésa utawa basa séjéné sing manjing ning basa Dermayu

pengaruh bahasa lain di bahasa indramayu pada lirik lagu. (Dok. Supali Kasim)

Sedulur-sedulur.
Pengaruh basa Éndonésa utawa basa séjéné sing manjing ning basa Dermayu krasa pisan. Yén niténi tembung-tembung wong ngomong utawa tembangan tarling-dangdut, ning kono setitik-stitik manjing pengaruh tembung-tembung basa Éndonésa.


Ana wong ngomong mengkénén, “Sampé awan kiyen kita wis mangan rong kali.”
Lha, mangané rong kali? Akéh temen rong kali? 
(maksudé mah “ping loro”, tapi sing diucapaken “rong kali”)
Ana maning sing ngomong mengkénén, “Émang déwéké bocahé pinter, dadi sering juara.”
(tembung “émang” diemet sing basa Betawi, utawa basa Éndonésané “memang”; sekuduné bisa nganggo basa Dermayu yaiku “pancén”)
Yén niténi lan ngocéki tembang tarling-dangdut, ana baé tembung basa Endonésa sing manjing. Alesané supaya pas karo purwakanti (rima). Coba wacanen tembang “kidung Cinta”, sing ditembangaken Wati S:
Cahya wulan gumelar ning cakrawala / Nggugah ati kapikat tresna / Sun kélingan kasih ning waktu semana / Mikat janji seia-sekata.
Tapi bareng saiki / Kenangan tinggal impian / Rindu ning ati / Awan bengi sun kesiksa karena cinta // Kidung cinta / Tamba ati yén nelangsa / Obat rindu / Yén péngén ketemu.
Reff: Kasih, coba bayangaken / Perasaan wong sing lagi kangen / Kasih, tulung sing ngertia / Mung sampéyan sing pelipur lara // Muga-muga sing dihayati / Kidung cinta ungkapané ngati.
Ning guru gatra awal-awal, bagus pisan tembung-tembungé, yaiku: Cahya wulan gumelar ning cakrawala / Nggugah ati kapikat tresna.
Tapi selanjuté ana tembung basa Éndonésa sing nylonong, yaiku: Mikat janji seia sekata.
Tembung “seia-sekata” kaya dipaksakaken supaya pas karo guru lagu a-a-a-a. Artiné, si pengarang lagu beli nemokaken tembung sing bisa ngganti maksud “seia-sekata”. Padahal yén laka sing artiné pada, bisa digawé tembung séjéné sing arahé mono.
Ning baris lanjutané, tembung basa Éndonésa uga ana, kayadene: rindu, cinta. Artiné, si pengarang lagu beli nemokaken tembung kanggo ngganti “rindu” (padahal ana tembung “kangen”), “cinta” (padahal ana tembung “tresna”).
Sedulur-sedulur, rupanÉ tembung “seia-sekata” wis dadi istilah sing manjing ning basa Dermayu. Ning tembang “Janji”, sing ditembangaken Udin Zhaen – Titin Maryati, uga manjing. Tembangané mengkénén:

-Kaya-kaya wong sejagat buana
Mung Kang Udin sing tek sayang tek puja
+Ora nana wong ning semlumahé bumi
Mung Néng Titin dadi pepundén ati
-Kula watir sampéyan bli temenan
Sebab kula emong kanggo dolanan
+Aja watir sing percaya ning ati
Ora bakal kakang ngingkari janji
Réff:
-Bagja temen yén mbesuk laksana 
Urip bareng seia-sekata
+Rumah tangga sing dadi ujuan
Bahagia urip bebarengan
-Mugaha segala kang dicita-cita
Dirodoi ning Kang Kuasa
+Senajan rintangan sepira akéhé
Yén wis jodoh pasti parengé
+-Wedang putih dibuwang ning welukon 
Wayah ésuk mlaku pinggir dermaga
Bagén mati tenimbang b’li kelakon
Mbésuk pasti kelakon ning suwarga




Ana siji-loro tembung basa séjén sing manjing, kayadéné: Néng Titin (kenangapa dudu Nok?), ngingkari (bisa mungkiri), bahagia (bisa bagja), rintangan (bisa alangan). Tapi secara umum akéh nganjingané sastra Dermayu, kayadéné tembung pilihan sing khas: pepundén ati, sejagat buana, semlumahé bumi, mbésuk laksana. Uga ning bagian ana parikan.

Mengkonon, Lur.
Bener beli?


Terimakasih sudah berkunjung di Blog Imad Analis. Semoga artikel ini bermanfaat. Blog ini merupakan blog berbagi berita daerah Indramayu, Kesehatan, Politik dan Edukasi Islam. Selamat membaca blog sederhana dari Saya, Imad Analis
Baca juga :
Imaduddin Badrawi, S.Tr.AK
Imaduddin Badrawi, S.Tr.AK
Founder www.infolabmed.com, tim penulis buku "Pedoman Teknik Pemeriksaan Laboratorium Klinik Untuk Mahasiswa Teknologi Laboratorium Medik". Aktif menulis di https://www.atlm-edu.id/, https://www.indonewstoday.com/, dan https://kumparan.com/catatan-atlm. Untuk kerjasama bisa melalui e mail : imadanalis@gmail.com

Related Posts