• Jelajahi

    Copyright © Imad Analis Blog
    Best Viral Premium Blogger Templates

    Iklan

    Halaman

    Supali Kasim | Guyonan Nganggo Basa Dermayu lan Basa Rekiblik

    Imaduddin Badrawi, S.Tr.AK
    Minggu, 22 Juli 2018, 02.23 WIB Last Updated 2018-07-22T09:23:08Z
    Wayang cepak Indramayu diperhatikan pemerintah daerah. (Dok. Supali Kasim)

    Sedulur-sedulur.  Guyonan iku sawiji perkara sing biasa dilakokaken manusa. Sebab, kenang anané guyonan, rai mrengut dadi sumringah, ati sing alum seger, jagat sepi dadi ramé. Artiné, réang-réang iki perlu guyonan. Jaré basa Inggrisé, kaya ana “spirit” lan “energy” anyar. Mengkonon, jéh!



    Guyonan ning panggung kesenian uga bisa nduwéni “kritik”, yaiku tembung-tembung sing bisa miringi masyarakat. Mulané ning panggung tarling, sandiwara, wayang, lan séjén-séjéné ana bodoran. Mbodor sekaligus miringi wong-wong.

    Kih, guyonané Ki Dalang Akhmadi, dalang wayang golék cepak/ménak sing Paoman/Anjun Pabéan Udik, Indramayu. Waktu lakon “Babad Dermayu: Bupati Wira Semangun” karo rombongan wayang golék “Sekar Harum”, ana omongané Lamsijan kaya kénén:

    “Bagén tuwa seméné, baka ndeleng bocah kaya kénén, nyemedot ning ati. Nok bocah ayu.” 
    “Aja ndeleng bodiné, tapi delengen mesiné!” 
    “Ngomong semono lembuté, kuwayang yén njangan asem.” 
    “Ari wong wangi kuh, ambuné bagus...” 
    (“Kewalik!”, jawabé para panjak)

    Mengkonon, Lur. Dalang Akhmadi rupané masih duwé tembung-tembung sing nyegeraken. Tapi ning bagian selanjuté ana weling (pesan):

    “Manungsa iku manunggal rasa. Sapa kang gawé cidra ning manungsa, prasasat gawé cidra marang awaké déwék. Ibadah iku pengabdian. Dadi panjak ibadah, pedagang ibadah, apa maning dadi pegawé. Kudu taat aturan. Aja sampé wong dagang, barang pitung on, diwarahé sekilo.”

    Béda maning karo gaya kocapé Ki Dalang Didi Rohédi,. Karo rombongan wayang “Gelar Swara Putra”, Kedung Slaur, Indramayu ning lakon “Pendawa Kembar” kocapé Semar mengkénén:

    Mbuh sering-seringé dapuré pada beli ngebul
    Akibat beras regané larang sampé pada bli kuat nempur
    Ana beras murah, tapi kadang bli nyampé tekang genah
    Ana raskin, sing sering-seringé wong miskiné mah mengkin

    Mungkin cara bagié gah gabug éman
    Sing umahé gubung, beli keduman
    Sing omongé grubug, kebagian

    Apamaning kenang akibat kemajuan zaman
    Bocah nom-noman sing akéh salah pergaulan

    Yén bli weru disko dianggepé kampungan
    Akibaté mabok-mabokan kanggo pegawéan
    Obat-obatan kanggo pelarian
    Goblogé sing kecanduan, ana sétan diajak baturan

    Nah, panggungan sandiwara “Chandra Sari” sing Désa Kedunglégok, Kec. Lohbener, Indramayu sewaktu manggungaken lakon “Asal-usul Aksara Jawa” akeh guyonan sing miringi wong-wong sing tukang mabok. Pelakoné yaiku Sétan, Dora, lan Sembada. Kaya kénén guyonané nganggo basa Dermayu lan basa rekiblik:



    -Sétan: “Lha, lemah kih blejag-bljog temen kinih. Ahhh... tiada hari tanpa alkohol.”
    -Sembada: “Wis weru dadi sétan, mabok-mabokan baé!”
    -Dora: “Maboké mah anggur-anggur baé.”
    -Sétan: “Dudu mabok anggur.”
    -Dora: “Bir?”
    -Sétan: “Mbuh temen gah, beli sokat!”
    -Sembada: “Johni Wélker?”
    -Sétan: “Aduh boro-boro.”
    -Sembada: “Tuak?”
    -Sétan: “Beli!”
    -Dora: “Ya, kuné…. sirané mabok apa?”
    -Sétan: “Mabok….. oli bekas!”

    Lanjutané mengkénén:

    -Sétan: “Lha kemana negara nih,….”
    -Dora: “Masa katona wong mabok mah…”
    -Sétan: “Lhaa ana manusa, rainé pada karo aku. Héh! lu jangan wastem-wastem!”
    -Sembada: “Péngéné mah basa rekiblik…”
    -Sétan: “Héy, lu jangan wastem-wastem!”
    -Dora: “Macem-mecam!”
    -Sétan: “Wastem-wastem!”
    -Dora: “Wastem-wastem!”
    -Sétan: “Macem-macem…. Hé hé hé …”
    -Sétan: “Wah oon nih orang. Mungkin anda belum kenal siapa aku. Kenalkan namaku…Gonzalés..”
    -Sembada: “Gonzalés pemain bola tah?”
    -Dora: “Iya kunuh pemain bola Persib.”
    -Sétan: “Oh bukan!”
    -Dora: “Gonzalés pemain bulutangkis?”
    -Sétan: “Mbuh temen gah, beli becus.”
    -Sembada: “Petinju??”
    -Sétan: “Mong, pada bengep!”
    -Dora: “Sirané…. Gonzalés pemaén apa?”
    -Sétan: “Gonzalés…. Kusus…. pemain kuclak!”

    Rupané, basa Dermayu iki gawé sedep yén disandingaken karo basa Éndonésa. Jaré wong-wong réang sih, basa rekiblik. Lha, buktiné ning panggung sandiwara kaya konon. Iki, sing gawé ruket lan parek ning bebaturan. Ciriné, yaiku nganggo basa déwék, sing gawé rasa nduwéni lan rasa nyenengi.

    Mengkonon, Lur.
    Bener beli?

    Sumber : Facebook Bapak Supali Kasim

    Terimakasih sudah berkunjung di Blog Imad Analis. Semoga artikel ini bermanfaat. Blog ini merupakan blog berbagi berita daerah Indramayu, Kesehatan, Politik dan Edukasi Islam. Selamat membaca blog sederhana dari Saya, Imad Analis
    Baca juga :
    Komentar

    Tampilkan

    Terkini